Nama : Ayuk Wulandari
Kelas/No : IX G/03
Assalamu’alaikum.wr.wb
Kepala SMP Negeri 4 Surakarta ingkang
kula hormati, para guru lan karyawan SMP Negeri 4 Surakarta ingkang satuhu
kinurmatan, lan konco-konco ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita
aturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kesehatan lan
kenikmatan dhumateng sadherek-sadherek sedaya, dados sadherek-sadherek sedaya
saged ngrawuhi adicara pengetan dinten Sumpah Pemuda.
Miturut pamanggih ingkang kula
raosaken ing wekdal meniko kathah tiyang ingkang kirang ngormati negeri
nasionalipun inggih punika negeri tercinta Indonesia. Bab meniko sanget
nguwatiraken menawi dipunlajengaken saget dados masalah ingkang serius.
Kanca-kanca ingkang kula tresnani, wonten
jaman samenika sampun kathah pengikisan kebangsaan nasionalisme. Menika dipunsebabaken
kathah kawula mudha ingkang kesupen jatidirinipun dados warga Indonesia
sebabipun para kawula mudha langkung kepencut dhateng pergaulan utawi
budaya-budaya manca ingkang dugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupi
acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah warga langkung remen
mundhut produk-produk manca
dipunsebabaken reginipun langkung mirah lan kualitasipun langkung sae.
Masalah menika saget dipunicalaken lan
saget kita wangsulaken raos tresna tanah air menika kalian salah satunggalipun
inggih punika mundhut barang-barang produksi Indonesia, ngormati jasanipun para
pahlawan lan para pejuang, tindak dhateng museum-museum Nasional utawi monumen-monumen
perjuangan.
Kula raos menika ingkang saget kula
aturaken. Mugi-mugi saget ndugekaken perubahan lan saget wangsulaken utawi
ngiataken raos nasionalisme kita sedaya.
Matur suwun kula aturakena mbok bilih
wonten kalepatan anggene kula matur nyuwun agunging pengapunten.
Wassalamu’alaikum.wr.wb